Tampilkan postingan dengan label surat undangan bahasa jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label surat undangan bahasa jawa. Tampilkan semua postingan

Kamis, 16 Agustus 2012

Contoh Surat Undangan Khitanan

                                                       Pacitan, 12 Agustus 2012
Bismillahirrohmaanirrohim
Assalamu 'alaikum Wr. Wb.
Winantu sagunging pakurmatan.
Kanthi lumaraping nawala sedhahan, minangka sesulih pisowan kula wonten ing ngarsa panjenengan.
Sinartan nyadhong berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal, kula sabrayat hanggadhahi pangangkah badhe ngawontenaken tasyakuran tuwin pawiwahan KHITANAKEN yoga kula ingkang nami, Arif Setyanto mbenjang ing,
Dinten                : Minggu Pon
Suryo Kaping     : 12 Agustus 2012
Wanci                 : tabuh 20.00 wekdal iring kilen (Ba'da Taraweh)~ sak bibaripun.
Mapan ing           : Griyo kulo RT.01 RW.01, Dusun Krajan, Desa Sambong, PACITAN
Setuhu badhe damel bombong saha mongkoging manah kula sabrayat, mbok bilih dhangan ing penggalih saha sepen ing sambekala, bapak/ibu saha sederek sekalian keparenga rawuh hangestreni saha paring puja pangastuti dhumateng yoga kula sri pengantin, supados dados putra ingkang shaleh saha ngabekti dhumateng tiyang sepah kekalih, amin.
Wasan kula sagotrah hangaturaken agunging panuwun saha nyuwun lubering pangaksami sadaya kekirangan dalah kalepatan kula.
Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.
                                                                 Atur Taklim Kula,

                                                                         ttd

                                                                     Sukatno

contoh undangan khaul, khitan, dll

berikut ini saya ada  contoh surat undangan yg menggunakan Bahasa Jawa sebagai bahasa bakunya. Silakan dipelajari dan semoga bisa diambil hikmahnya :) , amin.

Mugi Katur Panjenenganipun Bpk./Ibu/Sdr...............
wonten ing Palenggahan.
Bissmillahirohmaanirrohim
Assalamu 'alaikum Wr. Wb.
Rinenggo sagunging pakurmatan.
Kanthi hangajab nugrahing Gusti Ingkang Maha Agung, mbok bilih wonten dhanganing penggalih saha longgaring wekdal, kula sak kluwarga nyuwun kanthi sanget rawuh panjenengan mbenjang ing,
Dinten                 : Rabu Wage
Suryo Kaping      : 15 Agustus 2012
Wanci                 : Tabuh 18:00 wekdal iring kilen (Ba'da solat  magrib)
Panggenan          : Griyo Kula RT.01, RW.02, Dusun Krajan, Desa Sambong, PACITAN
Wigatosing Atur  : mendhak kaping setunggal sedanipun Bapak..........*)
(*) bisa diganti sesuai hajat)
Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kawula awit agunging kawigatosan rawuh panjenengan, mugi Gusti Ingkang Maha Asih tansah peparing berkah wilujeng ing sedayanipun. Amin.
Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.
                                         Atur Taklim Kawulo

                                                     ttd

                                                  Sukatno